".._Blog ini saNgat berManfaat buat kalian semua.... Karena Disini banyak sekali contoh-contoh surat yang kalian inginkan_.."

Kamis, 21 Oktober 2010

Contoh Surat Undangan Khitanan

Contoh Surat Undangan Khitanan
Pacitan, __September 2010
Bismillahirrohmaanirrohim
Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Winantu sagunging pakurmatan.
Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan.
Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal, kula sabrayat hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken tasyakuran tuwin pawiwahan KHITANAKEN yoga kula ingkang nami, SATRIO BAGUS ARIYANTO mbenjang ing,
Dinten : Minggu Kliwon
Suryo Kaping : 19 September 2010
Wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Mapan ing : Griyo kulo RT.01 RW.02, Dusun Kauman, Kelurahan Pacitan, PACITAN
Setuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sabrayat, mbok bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala, bapak/ibu saha sederek sekalian keparenga rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti dhumateng yoga kula sri pengantin, supados dados putra ingkang shaleh saha ngabekti dhumateng tiyang sepah kekalih, amin.
Wasan kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun saha nyuwun lubering pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.
Atur Taklim Kula,

ttd

Kulawarga Bpk. SUGENG RIYADI

1 komentar:

<