".._Blog ini saNgat berManfaat buat kalian semua.... Karena Disini banyak sekali contoh-contoh surat yang kalian inginkan_.."

Kamis, 21 Oktober 2010

Contoh Surat Undangan Pernikahan

Contoh 2 :
Pacitan, __ September 2010

Katur dhumateng Bpk./SUMARNO wonten ing Dusun Jethak, Pringkuku, PACITAN
Bismillahirohmaanirrohim
Assalaamu 'alaikum Wr. Wb.
Kairing Sagunging Pakurmatan.
Nuwun. Sesarengan kalian serat menika kula nyaosi pirsa, mugi Gusti Allah SWT tansah hangganjar kawilujengan ing samudayanipun. Kula badhe hanggadhahi khajat hangemah-emahaken yoga kula estri ingkang nami, PUTRI INDRASWARI DEVIE badhe kadhaupaken kaliyan nak mas ANGGER DANANG WISNU DARPITO putra kakungipun Bapak SUWADJININGRAT saking Nyamplung, Ambar Ketawang, Gamping, Sleman, NGAYOGYAKARTA.

Menggah ijab kabulipun badhe kaangkah ing,
Dinten : Minggu Kliwon
Surya kaping : 19 September 2010
Wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen.
Panggenan : Masjid Besar Al-Akbar Kabupaten PACITAN
Ingkang menika, menawi sepen ing sedaya reribetan saha dhangan ing penggalih, keparenga kula ngaturi rawuh panjenengan sekaliyan ing pahargyan dhauping pinanganten mbenjang,
Dinten : Minggu Kliwon
Surya kaping : 19 September 2010
Wanci : tabuh 11:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun
Panggenan : Gedung Graha Bhayangkara Kabupaten PACITAN
Saperlu hangestreni saha paring donga pangestu
dhumateng pinanganten kekalih sumrambah ing sedayanipun.

Mekaten atur kula, awit rawuh saha paring donga pangestunipun Bapak Ibu sekaliyan, kula ngaturaken agunging panuwun.
Matur nuwun.
Wassalaamu 'alaikum Wr. Wb.
Atur taklim kula,

ttd

Bpk. SUDARMADJI sakluarga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

<