".._Blog ini saNgat berManfaat buat kalian semua.... Karena Disini banyak sekali contoh-contoh surat yang kalian inginkan_.."

Kamis, 21 Oktober 2010

Contoh Surat Undangan Pernikahan

Contoh Surat Undangan Pernikahan

Contoh 1 :

Bismillahirrohmaanirrohim
Assalaamu 'alaikum Wr. Wb.
Nuwun. Hawiyosipun serat punika sesulihing badan kawula sowan wonten ing ngarsa panjenengan sekaliyan.
Mbok bilih Gusti Allah SWT hangganjar wilujeng ing samudayanipun, kula sebrayat badhe hanggadhahi niat ningkahaken yoga kula ingkang nami,
PUTRI INDRASWARI DEVIE
binti SUDARMADJI

pikantuk,

ANGGER DANANG WISNU DARPITO
bin SUWADJININGRAT


Ugi hangajab rawuhipun para sutresna, hangestreni khajat nikah ingkang bade rinakit mbenjang ing,
Dinten : Minggu Kliwon
Surya kaping : 19 September 2010
Wanci : tabuh 11:00 wekdal iring kilen ~ sak bibaripun.
Panggenan : Gedung Graha Bhayangkara Kabupaten PACITAN
Mbok menawi panjenengan sekaliyan wonten dhanganing penggalih sarta mboten pikantuk alangan sak tunggal punapa, kula aturi anyekseni lan angrawuhi khajat lan niat kula kasebat.
Awit saking rawuhipun para sutresna, keparenga kula nelak aken agunging panuwun.

Cekap semanten atur serat ulem punika.
Tuhu langgeng trisno.
Wassalaamu 'alaikum Wr. Wb.

Atur Taklim Kula,
Kulawarga Bapak lan Ibu SUDARMADJI (Pacitan)

Kulawarga Bapak lan Ibu SUWADJININGRAT (Ngayogyakarta)

DEVIE & DANANG

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

<